
Jumat, 28 Desember 2018
Ngoko Lugu (wantah)
Yaiku basa sing tembung-tembung ing sajrone ukara mingunakake tembung ngoko kabeh, tanpa kecampuran tembung krama
Tembung :
· tembung ngoko kabeh
· ater ater lan penambang ora dikramakake
Kanggone :
Guneme bocah padha bocah (sepantaran )
· dan, dani, saya sesuk melok ya nyang kolam Renange!
Bocah cilik sing durung dapat guneman cetha
· pak, kowe wis mangan apa durung?
2. Krama alus (inggil )
Yaiku basa sing tembung-tembunge ing sajrone ukara mugnakake tembung krama lan kecampuran krama inggil.
Tembung
· Tembung ku owah dadi kula
· Tembung kowe owah dadi panjenengan
Kanggone :
1. Guneme anak marang wong tuwane
· Pak, panjenengan badhe tidak pundi?
2. Guneme wong keprenah enom marang kaprenah tuwa, tuladha :
· Mangga Dhe, panjenengan pinarak rumiyin.
3. Krama lugu
Yaiku basa sing tembunge-tembunge ing sajrone ukara minggunakake tembung krama kabeh, kecampuran krama inggil.
tembung :
· Tembung saya owah dadi kula
· Tembung kowe owah dadi sampeyan
· Ater-ater lan penambang dikramakake
Kanggone :
1. Guneme kanca pada beling sing durung kulina
· Kula mangke ajeng teng peken, sampeya titip napa?
2. Guneme, tenaga jasar marang juragane.
· Bos, lare-lare sampeyan tumbasaken rokok, supados boten angop mawon!
4. ngoko alus (Andhap)
Yaiku basa kang tetembungane ngoko, nanging kecampur tembung krama inggil tumrap sing diajak guneman (wong kapindho) utawa wong sing digunem (wong katelu). Dene ater-ater ln panambangane tetep ngoko/ora dikramakake.
Tembung :
l Tembung saya ajeg/tetep dadi aku
l Tembug 'kowe' owah dadi 'panjengean utawa sliramu.
l Tembung ngoko, nangin kecampur tembung krama inggil.
Kanggone :
1. Wong tuwa marang wong enom kang duwe kalungguhan dhuwur, tuladha :
l Tindake nitih bis apa ngasta kendaraan dhewe nak?
2. Wong tuwa marang wong enom, kang wis ora tau ketemu. Tuladha :
l Suwe banget ora nate ketemu, sliramu ana ngendi saiki?
Tuladha pitaken. Pilih salah siji tanggapan ingkan bener!
1. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
c. Ngoko lugu
2. Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
3. Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
4. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
5. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
6. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
7. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
8. Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit, ukara kasebut gunakake ukara...
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama alus
D. Krama lugu
9. Simbah saweg tilem, ukara kasebut kalebu ukara...
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
10. Simbah saweg sare, ukara kasebut kalebu ukara...
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
Sumber http://www.anakforum.com/
Share This :
comment 0 Comment
more_vert