MASIGNCLEAN101

Latihan Soal Pelajaran Bahasa Jawa

Latihan Soal Pelajaran Bahasa Jawa
Kamis, 08 November 2018
Bocah Angon

MONOLOG   :    Panggun sepi. Level 2 ana property meja lan kursi. Bacground ana beling gantung.    Swasana nggambarake kahanan ing kantor kelurahan. Pak lurah metu tumuju menyang level 1.
Lurah               :    E…. dadi LURAH… ya ora duwe PAMONG. Ya wis. Mergawe dhewe. (kambi ngresiki meja nganggo sulak.)
                        :    nah piye maneh. Pancen desane ora duwe BENGKOK. Ya ora ana sing GELEM dadi pamong. Sakjane sing pengin dadi ya akeh. Taun wingi wae sing daftar 30 uwong. Tapi UJIAN kok ora ana sing lulus kabeh. Mbuh… saya bingung. Mosok wong 30 kok ora ana sing puinter salah sitok. Nggarai bakate kabeh padha dadi MODIN. Nah piye…
                        Mosok ujian bijine agama 90 kabeh. Bareng pengetahuan umum 40…. 50…. Ya ora lulus… tapi ya pancen ora kenek disalahna… witikna pitakonane kok kon ngitung pira akehe RT sak kabupaten. E… ya wis tak rangkep kabeh. Ya dadi KEBAYAN, ya KAMITUWA ya dadi AGABAYA. Sing seneng iku nek wayahe manganan lurah ngrangkep dadi modin, dadi oleh berkat dobel. (lurah pindhah saka level 1 menyang level 3).
                        :    E… ngilonan sik cah yahmene iki wayahe anak pendhudhuk sing butuh derma nek lurah ketok kumus-kumus lak ya saru. (lurah nuju menyang kaca, dandan saatara, terus mbalik maneh ing level 1)
                        :    bocah-bocah iki nengdi tah… due anak buwah 2 wae oran ana sing kenek di-UNGGULNA sing sitok, angger apa-apa sakithik SEPURANE sing sijine angger arep apa-apa mesthi takon arep apa aku. Wis bayarane njaluk mundak wae. Is mbuh… (Ora etara suwe, terus SATPOL PP loro ngadhep pak Lurah)
Satpol PP1       :    Pak Lurah… (kambi nada setengah nyentak)
Lurah               :    (kambi ngacungake gegeman tangan) hayo… takon saya arep apa age…
Satpol PP1       :    Lapor, Pak. Arep lapo opo saya mau, pak?
Lurah               :    lha… Rak tenan toh
Satpol PP2       :    Sepurane, Pak lurah..
                            Iki mau ana bocah angon ning taman. Terus nlethong ora gelem ngakoni. Ngono lho, pak lurah sepurane…
Lurah               :    He…. Bocahe Nlethong?
Satpol PP2       : sepurane, Pak Lurah… Wedhuse sing Nlethong
Satpol PP1       : Lha… Maksudku ya iku, pak lurah…. Aku mau lali
Lurah               :    saiki endi bocahe? Gawa rene!
Satpol PP1       :    ayoo… kono nang maju (kambi nyurung bocah angon nuju pak lurah) nah ngaku!
Lurah               :    Kowe sing Nlethong?
Bocah Angon  :    Sing Nlethong dudu saya leh, pak lurah.
Pak Lurah        :    Tapi iku wedhusmu. Artine iku dadi tanggung jawabmu.
Bocah angon   :    Nah mau ya wis takkandhani leh. Tak pengin NLETHONG tak penging NGUYUH. Nah dheweke ora ngandel kok.
Lurah               :    Ehm… Lehmu Sableng. Nek kenek mboktuturi jeneng lak ora wedhus. Wedhus mono kewan. Kewan iku ora ngerti tata jalmane manungsa. Wong angon kudu dapat ngarahna sing di engon. Dadi nek angon wedhus ya kudu ngawasi sakpolahe wedhus. Aja sampek mangan tandurane wong liya. Nek kira-kira apa nyenggut tandurane wong liya ya digepuk. Aja sampek kowe sing ketiban persoalan merga ora dapat dadi wong angon. NGONO… MUDHENG…?
Bocah angon   :    nah terus piye, Pak Lurah?
Lurah               :    Nah kok piye..? Ya saiki wedhusmu taksita minangka tersangka sing nglanggar aturan.
Bocah Angon  :    Pak…Pak…. Kasihanilah DAKU, pak… iku jagane saya sunat, pak/
Lurah               : Ya wis… Sebab saya lurah sing baik hati lan ora sombong lan sregep nabung kesalahanmu dina iki tak sepura. Tapi nek sesuk nglanggar maneh, kepeksa wedhusmu taksita, tok gorok ing ngenggon. Wis muliha!
Satpol PP1       :    Piye, Pak lurah..?
Lurah               :    nah kono… ndang jaga maneh! Demi keamanan, keadilan lan kesejahteraan umat manungsa.
Satpol PP1       :    SIYAP!
Satpol PP2       : TAKLAKSANAKNA, PAK LURAH
Satpol PP1       :    Ayo, baris….!  SIYAP… GRAK..! NGADHEP NGAREP…… GRAK…..! BRANGKAT GRAK!


1.      Bocan angon iku sinebut uga….
a.       Kusir          b. gembala               c. jagal             d. pawang        e. blantik

2.      Pira cacahing paraga ing drama “Bocah Angon” kasebut?
a.       Sekawn      b. gangsal    c. Enem           D. Pitu             E. Wolu

3.      Property apa wae sing ana ing level loro?
a.       Meja lan kursi
b.      Kursi lan lemari
c.       Meja, papan, lan kursi
d.      Meja, kursi, lan tivi
e.       Meja, kursi, lan video

4.      Ing background sajrone level loro iku ana apa?
a.       Gambar gumantung
b.      Lukisan gumantung
c.       Lampu gumantung
d.      Kaca gantung
e.       Pigura cumenthel

5.      Genea Pak Lurah mergawe dhewe? Awit….
a.       Pamonge lunga
b.      Ora duwe pamong
c.       Pamonge ora lulus ujian
d.      Pamonge kerja bakti
e.       Pamonge tekane telat

6.      Sing di engon dening bocah iku apa?
a.       Wedhus
b.      Sapi
c.       Kebo
d.      Jaran
e.       Celeng

7.      Angone bocah iku ing ngendi?
a.       Tegalan
b.      Sawah
c.       Taman
d.      Plataran
e.       Ngarep omah

8.      Sing diarani bengkok iku apa?
a.       Tanah lapangan              d. tanah kosong
b.      Tanah sawah                  e. tanah kutha
c.       Tanah tegalan

9.      Pak lurah ndukani bocah angon kambi ngedika SABLENG?
a.       Awit bocah angon sembrana nalika angon wedhuse
b.      Awit bocah angon madhakake wedhuse karo manungsa
c.       Awit wedhuse bocah angon nlethong ing petamanan
d.      Awit wedhuse bocah angon nguyuh lan nlethon ing taman
e.       Awit wedhuse bocah angon padha mlayu/ucul kabeh

10.  Sawise wedhuse Bocah angon nlethong, apa sing ditindakake pak lurah?
a.       Pak lurah nyita wedhuse bocah angon
b.      Pak lurah ndhendha lan ngukum bocah angon
c.       Pak lurah ora nyita wedhuse bocah angon
d.      Pak lurah nggepuki wedhus bocah angon
e.       Pak lurah mung ngguyu kepingkel-pingkel

HARAP IZIN DAHULU SEBELUM COPY PASTE

Sumber http://www.anakforum.com/
Share This :

Related Post